HATI-HATI DENGAN KOPI LUAK PALSU
Ada sebuah cerita terjadi di tanah jawa yaitu ceritanya suatu hari ada seorang laki-laki yang bernama mukidi yang sedang betamu ke rumah nya mukijan.
Mukidi mertamu nang omahe Mukijan pas udan deres, mergo udan deres mukijan gawekne kopi mukidi,sakwise di gawekne trus karo mukijan di sugohne karo di omongi nek kopi ne enak tenan, mergo penasaran akhire mukidi nyruput kopine
Mukidi: "Iki kopi opo tho, kok rasane rodo kecut?"
Mukijan : "Iku kopi istimewa, meh podo karo kopi luwak sing larang iku."
Mukidi : "Woo ngono tho, kopi opo jenenge?"
Mukijan: "Kopi kucing, aku gawe dewe..."
Mukidi : "Lha nyapo kok jenenge kopi kucing?"
Mukijan : "Soale diolah lewat kucing, kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurunge diolah, kopi kucing iki dipangan kucing sakdurunge diolah dadi kopi bubuk.
Aku terinspirasi karo kopi luwak, cuma ben gampang aku gawe kucing ae."
Mukidi : "Kucing doyan kopi to, jan?"
Mukijan : "Sakjane yow ora, kopine tak gerus rodo kasar, trus tak campur ikan asin, mari ngono tak pakakno kucing."
Mukidi wetenge wis mulai rodo mules,
Mukidi : "Terus piye prosese Sol?"
Mukijan: "Kopine kan metu bareng taek kucing, gerusan kopine disaring, dikumbah terus dipepe sampek garing, terus digiling maneh sampek halus. Lha iki kebetulan awakmu sing pertama nyubak kopi kucing, wong yo durung onok sing tak suguhi kopi kucing iki, aku dewe arep nyoba kok yo gak kolu... Yo opo Muk,rasane?"
Mukidi: "Azzu.... Azuuuuu tenaaann.... kowe Azzuuu ...!!! Iki duduk kopi kucing, Jan, tapi nek iki yo taek kucing jenenge!"

0 comments:
Post a Comment